WANWASABHĀ
(papan panggonan kang disaba)
Déning
Kok
Wanwasabhā dudu
Wanasaba ?
Tembung
Wanwasabhā
kuwi sejatiné kanggo ngarani wewengkon tlatah kahyangan Dièng sing adohé saka
kutha Wonosobo udakara 26 kilomètèr. Owahé tembung Wanwasabhā dadi Wanasaba sing sakbanjuré
katulis mawa éjaan Indonesia dadi Wonosobo, ora ana sing mangertèni. Tembung
Wanwa dhéwé nduwèni teges papan, panggonan. Déné Sabhā nduwèni teges kang dituju, kang
disaba. Béda adoh tegesé karo tembung Wanasaba.
Kaya
kang dakandharaké ing ndhuwur, owahing tembung Wanwasabhā dadi Wanasaba kuwi mbokmenawa
amarga keprunguné Wanwa lan sabhā,
mula banjur katulis Wanasaba (Wonosobo) nganti tumeka ing saiki.
Manut
sakpérangan sumber sejarah, kahyangan Dièng kalebu candi – candiné mbiyèn –
mbiyèné minangka pasraman utawa asramaning para mahaguru lam pandhita, papan
panggulawenthahing ngélmu agama Hindu. Déné sing yasa candi – candi mau isih
trah kraton Mataram Kuna. Wewengkon candi Dièng minangka salah siji wewengkon
sing paling tuwa dhéwé umuré tinimbang candi – candi yasané ratu – ratu Mataram
kalebu candi Prambanan, Barabudur lan sakpanunggalané.
Bab
tegesé tembung mbabad alas
Sajroning
ilmu filologi kang naliti babagan serat – serat utawa buku – buku kuna aksara
Jawa, tembung mbabad kuwi bisa duwé teges rong perkara. Mbabad kang nyurasa
teges lair kuwi tegesé negori wit – witan, déné teges pasemon saka mbabad kuwi
bisa uga ngresiki, mbeneraké. Mula ing tulisan iki tembung mbabad sing coba
dakandharaké teges kang angka loro. Kaya sing wis dakandharaké ing ndhuwur mau,
yèn kahyangan Dièng kuwi wis ana udakara abad – 9 bareng karo wiwit adeging
kraton Mataram Kuna, tegesé wewengkon Dièng sakkiwa tengené wektu semana wis
wujud tlatah perdhikan sing wis isi lan kaisènan déning jalma manungsa, dadi
kaya – kaya klèru yèn wewengkon Wanwasabhā
(Wonosobo) wektu sakdurungé abad – 16 kuwi awujud alas gung liwang – liwung.
Nalaré, apa ya klakon ana papan percandhèn kang dianggep minangka pasraman lan
kahyangan tumrapé wong Hindu ora ana wong – wong sing manggon sakkiwa tengené,
banjur sapa lan ana ngendi papan dunungé tenaga – tenaga kasar sing mbangun
candi, apa bisa dilaju saka Mataram (Prambanan). Mula panemuku wiwit
jaman Mataram Kuna tlatah wewengkon kahyangan Dièng sakkiwa tengené wis wujud
wewengkon sing akèh cacah jiwané.
Sakbanjuré
ana ing salah siji serat babad Kedhu, mratélakaké, nalika jaman semana kraton
Demak Bintara wiwit ngadeg dadi kraton anyar nyirnakaké panguwasané kraton
Majapahit tumraping tanah Jawa, para Wali mupakat yèn kepingin kasil ngislamaké
wong Jawa kudu bisa ngilangaké pengaruh – pengaruh Hindu salah sijiné ya kang
ana wewengkon Dièng, lan Dièng sakkiwa tengené kudu dibabad, sing dibabad ora
ana liya ya mung pengaruh Hinduné dadi dudu alas gung liwang – liwungé.
Sunan
Bonang banjur utusan santriné loro kang aran Ki Walik lan Ki Karim, kautus
supaya bisa mbabad wewengkon Dièng sakkiwa tengené supaya bisa salin agama suci
agamaning Rasul yaiku Islam. Santri loro kuwi banjur lumarab tedhak saksanak
brayaté tumuju ing wewengkon sakkiwa tengené Dièng, kanthi nganggo sarana
dakwah mawa seni budaya tari kang banjur diarani seni tari Lènggèr, sing
minangka tembung kerata basa èlinga nggèr, saya suwé akèh kang kasengsem
marang agama anyar iki, nanging émané ana siji sing durung bisa salin agama
yaiku panguwasa kahyangan Dièng kang peparab Kaladité, mbokmenawa asalé saka
tembung kaladitya. Mula kyai Karim banjur tedhak ing Dièng banthah kawruh lawan
Kaladité, lan Kaladité asor anggoné banthah kawruh banjur gelem ngrasuk Islam
lan peparab Kyai Kaladité, nanging piyambaké banjur moksa lan ninggalké
pepèling sing sapa wongè duwé anak rambuté gèmbèl kuwi kudu direksa amarga
bocah kuwi isih tedhak turuné Kyai Kaladité.
Wiwit
abad – 19 kraton Demak wis lingsir dadi kraton Mataram kang sinigar semangka
yaiku wewengkon kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat lan kraton Kasultanan
Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing antarané taun 1800-an kahanan tanah Jawa wiwit
ana gègèran sing diarani perang Jawa yaiku perangé Pangéran Dipanegara lawan
VOC Walanda. Pangéran Dipanegara wiwit nyebar prajurit salah sijiné Tumenggung
Kartawasésa sing kautus supaya abebiting lan nglumpukké bala wong – wong
sakloré tanah Bagelen, Tumenggung Kartawasésa Banjur tedhak ana ing sakkiwa
tengené gunung Sélamanik, mula Tumenggung Kartawasésa uga katelah Tumenggung
Sélamanik.
Pangéran
Dipanegara kuwi priyayi trahing ngaluhur rembesing madu saka kraton
Ngayogyakarta Hadiningrat, lan manut lakuning sejarah tumindhaké pangéran
Dipanegara kuwi disengkuyung déning kraton Ngayogyakarta sing pancèné ora
seneng anané panguwasa VOC ing tanah Jawa. Manut perjanjén Giyanti tlatah
Sélamanik kuwi pancèn kabawah minangka wewengkon mancanagara kraton
Ngayogyakarta, kaya kang kapacak sajroning gambar péta ngisor iki :
Sakbanjuré
nganti tumeka rikala jumenengan Ki Muhammad Ngarpah kang pinaringan kekancingan
asma Tumenggung Secanegara, lan kalilan nguwasani wewengkon Ledhok sakkiwa
tengené, mula jumenengan iki kang dadi dhasar adeging Kabupatèn Wanasaba
(Wonosobo), menawa manut versi kang kajumbuhaké karo babad Dipanegaran. awit
mbiyèné tlatah Ledhok – Wanasaba kabawah ing panguwasaning kraton Kasultanan
Ngayogyakarta Hadiningrat. Mula banjur ana unèn – unèn sengkalan miring kang
rinengga minangka tetenger adeging Kabupatèn Wanasaba (Wonosobo) kang surasané Pusakaning
Dwi Pujangga Nyawiji. Utawa angka taun 1825 Masèhi. Angka taun 1825 kuwi
dhasar adeging kabupatén Wonosobo ing Jaman Mataram Islam, banjur apa kelakon
yèn tlatah Wonosobo umuré ora mung udakara satusan tahun, nanging malah bisa
uga èwon binareng karo adeging wewengkon Dièng minangka pasraman lan percandhèn
tumraping Agama Hindu Siwa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar